Selasa, 06 Maret 2012

Tips Sukses Ngadepi UN

Uwis akeh tips sukses UN. Tapi kiye mung republish sekan dekene kanca nggo pengunjung setia fransiskadina.blogspot.com.

Tips Sukses Ujian Nasional

1. Sinauni Latian Contoh-contoh Soal
UN kuwe kan didominasi karo soal-soal pilihan ganda mogane kudu akeh latian soal, bisa soal ujian biasa  utawa UN taun mbiyen. Nganggo buku-buku soal neng toko buku, latian terus, hal kiye supaya terbiasa pas ngerjakna soal UN.

2. Sinauni Latian Soal sekan Bimbingan Belajar
Sinauni saben latian soal sing dimehi sekan bimbingan belajar. Soale slain sekolah sing nduwe kisi-kisi Ujian Nasional kuwe adalah hampir kabeh bimbingan belajar. Mesti wong liya pengin saben sing melu bimbingan belajar sukses UN karo nggawe reputasi bimbingan belajar kuwe dadi apik.

3. Nggawe Catatan Cilik
Maksude dudu catatan nggo contekan, tapi nggo dieling neng endi bae. Catatan bisa awujud secarik kertas atau apa bae. Sing terpenting bisa digawa maring endi bae.

4. Aja Tegang
Hadapi karo santai tapi serius. Ilangna pikiran olih nile asal lulus, tapi pikirna ning UN kuwe kudu bisa olih nile sing dhuwur.

5. Siapna Senjata Nggo Ngadepi UN
Siapna kartu ujian karo kabeh perlengkapane. Angger uwis siap, pastikna laka sing mbebani pikiran anjog pikiran'e tenang.

Semoga sukses ngadepi Ujian Nasional ya!

2 komentar: