Senin, 05 Maret 2012

Cara Nggawe Twitter (versi Tegalan)

Nggo nggawe twitter langkah pertama sing kudu digawe kuwe nggawe e-mail. Sawise nduwe e-mail sing kudu dilakokna kuwe regristrasi ndisit. Meluni langkah-langkah sing nag ngisor kiye !

1. Buka http://www.twitter.com terus klik Sign Up kaya gambar nang ngisor kiye :
 


2. Isi kolom pendaftaran sing wis disediakna. kolom full name diisi nggo jeneng lengkap'e kowen, usser name nggo jeneng'e kowen sing engkone dinggo nggo login nang twitter, password nggo kata kunci, karo kolom e-mail kuwe sing dinggo nggo ndaftar nang twitter. Ning misale wis diisi kabeh, klik tombol create my account. Nang ngisor ana contoh gambar formulir pendaftaran :














3. Sawise klik nang Create my Account engko muncul jendela pengisian kode capta, manjingna kode capta kuwe neng kolom neng ngisore, sawise klik finish, kaya gambar nang ngisor kiye :


4. Angger kabeh sing uwis dimanjingna bener, engko bakal muncul nang jendela selanjute, kaya gambar nang ngisor kiye karo abaikan halaman kiye selanjute silahkan cek e-mail sing dinggo nggo ndaftar mau, silahkan cek neng. inbox email.


5. Neng inbox e-mail engko bakal dijumpai email anyar sekan Twitter.com, isi email kae isine link konfirmasi akun twitter kuwe, selanjute buka e-mail mau.

 

6. Isi e-mail sekan twitter kaya gambar nang ngisor kiye, silahkan klik link konfirmasine.


7. Sawise link mau diklik, bakal kebuka halaman anyar twitter.com, halaman kuwe yaiku halaman ngarep akun twitter. Anjog neng kene akun twitter uwis aktif karo bisa digunakna. Kaya nang Facebook, nang twitter juga ana panggonan nggo update status.


kuwe secuil panduan gimana carane nggawe twitter versi tegalan karo cara nggunaknane. Semoga cara nggawe twitter kiye bermanfaat nggo kowen-kowen kabeh :)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar